BLAKASUTHA

Senin, 05 November 2012

Wis suwe nyong ra tau utak utik blog, nah siki nyong arep utak utik asal tulis ya.....
Akeh wong daerah mbanyumas, sing ora paham karo sing jenenge blakasutha

Cablaka utawa blakasuta kuwe salah siji karakter khas masyarakat Banyumasan sing maknane terus terang/apa anane/ora basa basi/blak-blakan.
Angger ngungkapna apa baen termasuk kritik, masyarakat Banyumasan kuwe umume diungkapna langsung, terbuka ning carane sing ora marekna kesuh wong sing dekritik, terus umume diungkapna nganggo nada humor malah ngarah sing seronok dadi tetep bisa njaga suasana adem.

Mangga dewaca sajak nasihat karya Prof. Eko Budihardjo nang ngisor (nganggo basa Indonesia):
Kalau Anda pengin sehat, minumlah susu
Kalau pengin seksi, rawatlah susu
Kalau pengin cantik, mandilah susu
Kalau pengin iseng, senggollah susu
Kalau pengin nikmat, isaplah susu
Kalau pengin berhasil, jangan kesusu.
Watek utawa sifat cablaka kuwe ana nang tokoh Bawor sing dadi salah sijine maskot masyarakat Banyumasan. Bawor kuwe sosok punakawan nang wayang model Banyumasan, gambarane meh padha karo Bagong nang wayang gaya Surakarta karo Yogyakarta.
Miturut budayawan Ahmad Tohari, watek cablaka kiye kudhune dikembangna dadi etos trasparansi karo kejujuran sing siki agi langka nang Indonesia

di salin sekang wikipedia

[+/-] Selengkapnya...